Kesenian

KESENIAN

A. Pengertian

Kesenian kuwe bagian kebudayaan sing ana hubungane karo wujud rasa apik utawa indah. Rasa kuwe anane nang batin, nang pikiran menungsa termasuk rasa apik kuwe. Kesenian nang kene fungsine kanggo nyalurna rasa indah nang pikiran kuwe. Tegese, kesenian kuwe proses nyiptaaken wujud-wujud sing marakna ati ngerasa seneng, puas, bungah nggo ngelengkapi sisi batin/spiritual keuripan menungsa.

Sebagian wong duwe anggepan nek Seni kuwe mung pelengkap, artine angger ora ana ya ora apa-apa. Jane seni kuwe wis ana kawit menungsa kuwe lair, dadi nang masing-masing individu, jiwa seni kuwe tumbuh bareng karo ilmu individu kuwe.

B. Fungsi

Fungsi seni kuwe kanggo ngalusna perasaan, pikiran, lantes watek/kepribadian terus lanjut nggo ngalusna tingkah polah utawa tingkah laku. Kasil pribadi sing wis dibekeli rasa alus kuwe mengko dadi duwe sifat santun, toleran karo bijak. Mulane kawit cilik menungsa kuwe wis moali dibekeli muatan seni liwat Tembang Bocah sekang Biyunge, tembang Tak Lelo Lelo Lelo Ledung contone utawa sekang dongeng sing dicritakna Ramane. Fungsi liyane kanggo numbuhaken sifat kreatif utamane nang bocah-bocah

.Dolanan kuwe donya seni bocah sing terus dilakoni ngantek bocah kuwe melebu sekolah. Pelajaran nggambar nang sekolah kuwe salah siji cara nggo numbuhaken rasa seni nang bocah.

WARNA-WARNA SENI

A. Sastra

Sastra kuwe jane tembung serapan sekang Basa Sansekerta śāstra, sing maknane "tulisan sing duwe makna peréntah" utawa "pedoman", sekang tembung dhasar śās- sing maknane "peréntah" utawa "ajaran". Tembung kiye terus diserap basa Indonesia uga diserap basa Jawa. Tembung kiye biasane dienggo kanggo ngewakili makna "kesusastraan" utawa jenis tulisan sing duwe makna karo makna keindahan. Tembung "sastra" uga bisa kanggo ngewakili makna kabeh jenis tulisan, dadi ora mesthi tulisan sing indah maknane.

Biasane kesusastraan dibagai miturut daerah geografis utawa Basa.

B. Seni Rupa

Seni rupa kuwe cabang seni sing wujud karya senine bisa dideleng/disawang karo bisa diraba. Seni rupa kuwe ngolah konsep garis, bidang, wujud, volume, kelir, tekstur karo pencahayaan sing kabeh kudu manut aturan-aturan estetika.

Jenis

Seni rupa dibedakna nang 3 kategori utawa kelompok yakuwe:

· Seni rupa murni

· Seni rupa kriya

· Seni rupa desain

C. Kesenian miturut Wilayah

Wujud seni kuwe lengket karo enggon asal jenise seni kuwe. Sifat, werna, gaya karo kabeh perangkat seni mesthi cocok karo wnggon asale seni kuwe.

· Kesenian Barat

· Kesenian Timur

· Kesenian Indonesia

· Kesenian Jawa

· Kesenian Banyumasan

D. Seni Pagelaran

Seni Pagelaran kuwe jenis-jenis karya seni sing merlokna panggung utawa pelataran nggo nampilna kasil karya senine.

Jenis

· Wayang

· Musik

· Filem

· Teater

· Sandiwara

· Opera

Lyy Umume jenis-jenis kesenian barat kuwe mandan ora cocog karo budaya timur utamane jenis-jenis kesenian barat modern. Jenis-jenis kesenian barat modern (contone tarian musik disco) biasane lewih cocog kanggo ngelengkapi sarana-sarana hiburan malam.

MACAM-MACAM KESENIAN

A. Kesenian Barat

Kesenian barat kuwe, bentuk-bentuk utawa hasil-hasil kesenian sing lair, berkembang tur isi utawa werna muatane ialah nilai-nilai sing berkembang uga dianut masyarakat sing umume sekang negara-negara barat, contone negara-negara nang benua Eropa, benua Amerika uga benua Australia.

Umume jenis-jenis kesenian barat kuwe mandan ora cocog karo budaya timur utamane jenis-jenis kesenian barat modern. Jenis-jenis kesenian barat modern (contone tarian musik disco) biasane lewih cocog kanggo ngelengkapi sarana-sarana hiburan malam.

Jenis-jenis kesenian barat sing bisa cocog karo budaya timur umume jenis-jenis kuna utawa klasik.

Nilai-Nilai

Kesenian barat kuwe, bentuk-bentuk utawa hasil-hasil kesenian sing lair, berkembang tur isi utawa werna muatane ialah nilai-nilai sing berkembang uga dianut masyarakat sing umume sekang negara-negara barat, contone negara-negara nang benua Eropa, benua Amerika uga benua Australia.

Umume jenis-jenis kesenian barat kuwe mandan ora cocog karo budaya timur utamane jenis-jenis kesenian barat modern. Jenis-jenis kesenian barat modern (contone tarian musik disco) biasane lewih cocog kanggo ngelengkapi sarana-sarana hiburan malam.

Jenis-jenis kesenian barat sing bisa cocog karo budaya timur umume jenis-jenis kuna utawa klasik

B. Kesenian Timur

Sing dimaksud kesenian timur nang kene ialah jenis-jenis kesenian sing asale sekang wilayah benua Asia misale kesenian-kesenian sekang negara-negara Arab, kesenian sekang negara-negara Asia Timur (kesenian-kesenian sekang daratan Tiongkok) juga kesenian-kesenian sekang wilayah Asia Selatan, utamane jenis-jenis kesenian tradisional sekang wilayah-wilayah kuwe. 3 wilayah kuwe pancen sing paling kaya produk-produk kesenian tradisionale.

C. Kesenian Banyumasan

Kesenian nang wilayah Banyumasan kuwe lair sekang budaya urip masyarakat, dadi nduwe akar kerakyatan sing kuat. Pengaruh sekang budaya sing "lewih duwur" umpamane budaya Keraton uga ana ning kalah penggemar, kecuali kesenian wayang. Dadi kesenian Banyumasan kuwe bisa diarani kesenian rakyat.

Werna-Werna Kesenian Banyumasan

1) Wayang

Artikel utama bab: Wayang

Wayang kiye kesenian sing umum nang tlatah Jawa malah Nusantara. Wayang kiye beda-beda jenise nang tiap wilayah, jenise uga beda-beda ana wayang kulit, wayang golek lan liyane.

2) Gendhingan

Artikel utama bab: Gendhingan

Gendhingan utawa gamelan kuwe jenis kesenian musik sing khas Jawa ning versi liyane uga ana nang daerah liya nang Nusantara. Perangkat musik standar sing dienggo umume pada, tambahane biasane nganggo perangkat musik khas daerah masing-masing.

3) Burok

Artikel utama bab: Burok

Burok kuwe kesenian pagelaran mirip barongsai sing asale sekang daerah pantura antara Jawa Tengah karo Jawa Barat dadi nang sekitar kabupaten Brebes karo Cirebon. Jenis kesenian termasuk sing kudu dilestarekna.

4) Lukisan Sokaraja

Sekitar taun 1970-an nganti 1980-an kota Sokaraja kuwe dikenal sebagai kota lukisan utawa kota galeri merga sepanjang kota kuwe dipajang karya-karya pelukis sekitar Sokaraja karo Banyumas umume.Dalang Jemblung,Dogdog Kaliwon, Lenggeran, Calung, Banyumasan, Ebeg, Kenthongan, Barzanji, Buncis, Begalan, Barongan, Krangkeng, Kuntulan, Musik Tegal, Wayang Gagrag Banyumasan, Sastra Tega, Sastra Banyumasan, Balo-Balo Tegalan, Peang Penjol, Campursari, Bongkel, Angguk, Aplang, Aksimuda, Sintren

Comments

Popular Posts